Sapu sodo utawa sapu odo kang minangka salah satunggaling barang khas ing Jawa lan ugo ing Indonesia. Sapu odo (bhs. Wsb) minangka piranti kanggo ngresiki pekarangan, kebon utawa dalan gedhe, Sapu sing digunakake ing omah, kantor utawa petugas kebersihan. Sapu sodo nduweni filosofi "yen ora ana owah-owahan gedhe yen ditindakake dening wong siji, sanajan wong kasebut pancen hebat banget. Manungsa minangka makhluk sosial diwajibake gotong-royong kanggo mujudake pepinginan bebarengan sajrone nindakake owah-owahan gedhe".
Ing kene tak nambahake carane nggawe sapu sodo kuwi mau (bahan-bahan):
1. Godhong klapa utawa wit-witan liyane sing isine podo karo sodo godhong klapa
2. Peso
3. Sarung tangan utawa kain
4. Tali/ karet utawa barang liyane sing bisa kanggo naleni
Cara nggawe:
1. Pisah godhong saka gagang
2. Pisah sodo saka godhong, aja lali nganggo sarung tangan utawa kain kanggo nglindhungi tangan.
3. Yen wis diklumpukake cukup, sodo godhong klapa sing resik kudu dikeringake ing srengenge supaya garing lan kuwat.
4. Sodo utawa odo sing wis garing digabung, banjur ditaleni nganggo tali
5. Banjur dadi sapu kang kanggo utawa wis siap dienggo nyapu lan resik-resik liya-liyane.