Kali Wangan Aji, ing Wonosobo

Kali Wangan Aji gadhah fungsi minangka saluran toya lan saluran irigasi ing Kabupaten Wonosobo, Jawa Tengah. Kali punika asalipun saking salah satunggaling cabang Kali Serayu ing Kecamatan Garung lan mili tumuju Kali Magung ing Kecamatan Wonosobo. Kali punika ngliwati telu wilayah kecamatan ing Wonosobo, yaiku: Kecamatan Garung, Mojotengah lan pungkasanipun dumugi ing Kali Magung Sidojoyo, Kecamatan Wonosobo. Nalika musim rendheng, kali punika asring ngalami banjir amargi curah jawah ingkang inggil, aliran toya ingkang kambat amargi sampah, sarta wontenipun bangunan liar ing pinggir kali utawi ing nginggil saluran; kadadosan banjir kados makaten sampun nate dumados ing Kecamatan Mojotengah (mliginipun ing Desa Blederan lan Kelurahan Kalianget) sarta ngebaki saperangan margi utama Wonosobo–Dieng.

Komentar

Postingan Populer