Sethithik Ngerteni Babagan Isah-isah

Isah-isah yaiku tumandang gawé ngresiki piring, gelas lan piranti masak utawa piranti mangan liyané. Ing Tanah Jawa utawa utawa Nuswantara lumrahé, wong nganggo sepon utawa srabut klapa karo ditambahi sabun, banjur dibilas nganggo banyu resik. Isah-isah iki wigati banget tumrap kaséhatan sebab piranti mangan sing ora resik bisa dadi sarana panularan lelara kaya déné koléra utawa désèntri. Diprayogakaké banget nalika isah-isah piranti sing dikumbah disabun dhisik banjur dibilas nganti resik. Sawisé resik banjur ditus ing sadhuwuring rak piring kanthi garing.

Komentar

Postingan Populer