Kanthi dhuwure watara 2000 meter saka lumahing segara, kabupaten iki sing dumunung ing lajur tengah Provinsi Jawa Tengah cukup okeh obyek wisata alam, lan hawane adem banget, banyune cukup resik lan bening nyenengake.
Kutha pegunungan sing nduweni semboyan Aman, Sehat, Rapi, lan Indah (ASRI) iki dumunung ing dhaerah dhuwur pegunungan Dieng, lan diapit dening rong gunung kang dhuwur banget, ndadekake Kabupaten Wonosobo okeh kaendahan saka alam lan mempesona iku.
Kabupaten Wonosobo wewatesan karo Kabupaten Temanggung lan Kabupaten Magelang ing sisih wetan, Kabupaten Purworejo ing sisih kidul, Kabupaten Kebumen lan Kabupaten Banjarnegara ing sisih kulon, lan Kabupaten Batang lan Kabupaten Kendal ing sisih lor. Saka tengah kutha bisa dideleng gunung loro gedhe, endah lan dhuwur, yaiku Gunung Sindoro lan Gunung Sumbing. Wonosobo minangka jalur ingkang paling gampil kangge tumuju kawasan wisata dataran tinggi gunung Dieng.